Belajar Menjadi MC/Pembawa Acara Dalam Bahasa Jawa


ASSALAMUALAIKUM.WR.WB



Alhamdulillahirobbil alamin, wasolatu wasalu ala asrofil ambiya’I wal mursalin wa ala alihi wa ashabihi ajmain ama ba’du
Hadrotul mukarom
Dumateng Poro Bapak alim ulama’, Poro Kyai,Poro Ustad, Poro Tini Sepuh lan mboten kesupen dumateng Bapak Solikhin selaku Pengasuh TPQ Abdul Qodir Jailani engkang minulyo.
Teman-temanku Seperjuangan TPQ Abdul Qodir Jailani yang berbahagia
Monggo kito sareng-sareng muji syukur kehadirat Allah SWT keranten berkat rohmat soho hidayahipun sehinggo kito sedoyo saget magempal wonten ing masjid al-mubarok meniko kangge menghadiri adicoro ‘’Pelatihan Khitobah’’ kanti keadaan sehat wal afiat.Mugi-mugi nikmat kados mekaten dipun langgengaken dening allah SWT.Allahumma Amin.
Sholawat serto salam mugi-mugi tansah dipun limpahaken dumateng rasul kito Muhammad SAW.Keranten menikolah nabi utawi rasul ingkang saget paring syafaat dateng kito sedoyo, mbenjang wonten yaumil qiyamah.Mugi-mugi kito sedoyo mangke saget angsal syafaat saking rasulillah wonten ing yaumil qiyamah.Amin
Rekan santri ingkang minulyo
Keparing matur bileh wonten ing mriki kaulo kajibah minangkani pranoto acoro,awit gegayutan wekdal sak antawis dalu pramilo kulo atas nami pranoto acoro badhe maosaken adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko.
Adiacoro ingkang ongko setunggal inggih meniko pembikaan
Dumawah adiacoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci al-quran
Adiacoro ingkang ongko ketigo inggih meniko atur pembagyo
Adiacoro ingkang ongko sekawan inggih meniko mauidoh hasanah
Selajengipun adiacoro ingkang ongko gangsal inggih meniko pamungkas ingkang badhe dipun isi kalian Doa.
Menikolah reranci’ing adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko.Pramilo monggo kito bikak sesarengan adiacoro ingkang ongko setunggal kanthi waosan surat al-fatihah ingkang harapan mugi-mugi adiacoro ingkang badhe kito lampahi mangke mboten wonten alangan setunggal punopo.Al-fatihah…
Adiacoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci al-quran ingkang badhe dipun waosaken dening sederek …… Wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.
Sod daka wlahul adzim 3X.Dipun aturaken matur sembah nuwun,mugi-mugi waosan ayat suci al-quran ingkang sampun dipun waosaken dening sederek …. Saget mbeto manfaat dateng kito sedoyo.Allahumma…Amin
Poro rencang santri ingkang minulyo.
            Selajengipun adiacoro ingkang ongko tigo inggih meniko atur pembagyo utawi sambutan ketua panitia ‘’PELATIHAN KHITOBAH’’ wonten ing wekdal dalu meniko ingkang badhe dipun sampeaken dening sederek ……. Wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.
Dipun aturaken matur sembah nuwun,adiacoro ingkang ongko sekawan inggih meniko mauidoh hasanah.Mauidoh hasanah ingkang ongko ….. badhe dipun sampeaken dening sederek …. Wekdal soho panggenan dipun sumanggaaken.

Dipun aturaken matur sembah nuwun,Mauidoh hasanah ingkang ongko …. Badhe dipun sampeaken dening sederek … wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.
Dipun aturaken matur sembah nuwun,Adiacoro selajengipun inggih meniko pamungkas ingkang badhe dipun isi kalian DO’A dening Al-Mukarom Bapak Solikhin.Wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.

Dipun aturaken matur sembah nuwun,Poro rencang santri ingkang minulyo.
Menikolah reranci ing adiacoro ingkang sampun lumampah wonten ing wekdal dalu meniko .Kulo atas name pranoto acoro mbok bileh wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trepsilaning kaulo nyuwun agungipun samudro pangapsami.

Santen Duduhe Kelopo
Ketupat Janure Tuo
Semanten Atur Kawulo
Menawi Lepat Nyuwun Ngapuro

Wassalamualaikum.Wr.Wb

Categories: Share

Leave a Reply